Ing pedhukuhan Tarub, urip sawijining randha kang aran Mbok Randha Tarub
tilas garwane Ki Ageng Tarub. Dheweke urip ijenan jalaran tinilar bojo tanpa
anak kang njalari nelangsane. Ing sawijining wengi ngepasi Malem Jemuwah Kliwon,
Mbok Randha Tarub sengaja ziarah ing makame Ki Ageng, ngiras turu ing makam
kono mulane nggawa bantal lan klasa. Eloke lelakon, bareng parak esuk Mbok Randha
Tarub keget lan gumun dene ing cedhake anggone turu ana bayi lanang nangis
cengar-cenger. Bayi enggal dibopong, anehe bayi mau banjur meneng cep. Bayi enggal
digawa mulih, diedusi lan didulang degan
kemlamut. Sawetara dina, Mbok Randha malah metu banyu susune mula bayi
lanang tur bagus iku gelis gedhene. Bayi lanang iku dijenengi Jaka Tarub. Mbok
Randha Tarub anggone nggulawentah
Jaka Tarub ngalah-ngalahi anake dhewe.
Jaka Tarub Wis Ngancik jejaka, senengane mbebedhag kewan alas
bangsane manuk, kidang, lan sapanunggalane. Sawijining dina nalika mbebedahag
ing tengah alas, dheweke weruh sandhangane para widadari kang padha adus
ditumpangake ing watu gilang sapinggire tlaga. Kanthi alon-alon, jaka Tarub
njupuk klambi siji lan slendhang banjur gegancangan digawa mulih. Satekane ing
omah, klambi lan slendhang disingitake ing lumbung ditumpuki pari. Age-age Jaka
Tarub bali menyang alas karo nggawa jarit klambi lurik lan kemben. Nalika teka
tengahe alas ing cedhake tlaga para widadari meruhi tekane manungsa mula padha
age-age mentas saka tlaga klamben lan mabur bali menyang kahyangan wedi kamanungsan.
Kari sisji widadari kang kelangan klambi lan slendhang ora bisa mabur. Atine pepes
jalaran bakal kamanungsan, saking banget sedhike nganti nangis ing pinggiring
tlaga. Wusanane dipupus, widadari iku ngucap sayembara “sapa sing bisa menehi
klambi menawa wong tuwo bakal diaku wong tuwane, menawa wadon bakal diaku dadi
sedulur sinarawedi, dene yen lanang bakal sanggup dipek bojo”. Krungu sayembara
kuwijaka Tarub nyedhaki pinggiring tlaga menehi pitulungan rupi klambi, jarit
lan kemben lan nagih janjine widadari iku. Widadari kang aran Dewi Nawangwulan
tetep ing janji sanggup digarwa banjur diajak bali ing pedhukuhan Tarub.
(sumber: Penjebar Semangat, No. 31, 4 Agustus
2001 lan No. 32, 11 Agustus 2001)